Selasa, 05 Maret 2019

Sambutan Rapat Ketua RT Bahasa Jawa

Assalamualaikum ........

Ingkang kawulo hormati sesepuh pinisepuh, sedoyo Bapak2 soho ...............

Langkung rumiyin, monggo sesarengan muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, sehinggo alhamdulillah ing saat ndalu puniko kito saget sesarengan kempal wonten mriki kangge keperluan rapat musyawarah RT ingkang dalam keadaan sehat mboten wonten alangan punopo.

Bapak soho .............. ingkang kawulo hormati

Sepindah kawulo ngucapaken maturnuwun sanget atas karawuhanipun panjenengan sedoyo, ingkang sampun ngeluangaken wekdalipun ingkang berharga kangge menghadiri acara musyawarah wonten ing ngriyo puniko. Mugi langkah panjenengan dipun ridhoi dumateng Allah.

Salajengipun, kawulo nyuwun dumateng poro bapak2 sedoyo bilih samangke acara rapat musyawarah monggo dipun laksanaaken kanti sae, keranten acara musyawarah sejatinipun inggih puniko ngucali coro lan kesepakatan sedoyo musyawarah. Misal wonten unek-unek nopo gagasan monggo saget dipun sampeaken, menawi wonten kritik lan saran monggo dipun sampekan. Supados musyawarah ing saat ndalu puniko saget manfaat kangge kampung kito.

Saklajengipun kawulo pribadi nyuwun agungipun pangapunten, mbok menawi nompo karawuhanipun panjenengan kawulo mboten saget menghormati kanti sae, baik saking segi papan lan palenggahan lan sak piturute.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

5 komentar:

  1. Benar2 bermanfaat sekali dengan ajaran ini,trima kasih

    BalasHapus
  2. apik kata-katane tertata rapi ,,,,

    BalasHapus
  3. ketoke wis ganti mas, "sepindah" iku dadi "sepisan"

    BalasHapus
  4. Alhamdulillah...
    Bisa untuk belajar, sekalian nguri2 boso Jawi....

    BalasHapus
  5. Alhamdulillah saget kagem Sinau Noto boso,Pranoto coro boso jowo

    BalasHapus